TULADHAATUR PANAMPI PASRAH LAMARAN. Agus Sisyanto September 07, 2014. Pasrah Lamaran. uwong JAWA - PIDATO JAWA - Adat atau budaya Jawa ternyata tak lapuk ditelan kemajuan jaman modern sekarang ini. Hal ini bisa kita lihat disetiap acara hajatan seseorang kebanyakan masih mengguakan tradisi Jawa atau Kejawen.
TataCara Penganten Adat Jawa. 12.23 Diposting oleh Mr.Sumbang. Label: Adat Tradisi Jawa. t Dan Tradisi. Upacara pengantenan adat Jawa iku salah sijining upacara sakral adat Jawa sing nduwe rangkeyan-rangkeyanupacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki ngelambangake pertemuan antara penganten putri lan penganten kakung
Terjemahanbebas Demikian Contoh MC dalam bahasa Jawa: Pranatacara/Pranata adicara Pengantin. Mohon maaf..permisi. Yang terhormat para orang tua dan yang dituakan yang selalu menjaga keutamaan hidup, yang pantas dihormati. Juga kepada para hadirin-hadirat yang berbahagia. Maaf sekali semoga saya dijauhkan dari mala petaka karena dengan berani
SaveSave Bahasa.jawa.12.Sem 1 For Later. 0 ratings 0% found this document useful (0 votes) 5K views 25 pages. Bahasa - UBARAMPE PASRAH SANGGAN SAHA LAMBANG KALPIKA, TATACARA DHAUP a. Balangan gantal Gantalipun temanten putri kawastanan gondhang kasih, tegesipun sisang temanten putri tansaha kagungan rasa tresna
Bagiyang membutuhkan contoh pidato untuk bahasa jawa namun singkat, padat dan jelas, pidato dengan judul ATUR PASRAHAN PANGANTEN bisa dijadikan rujukan Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh. Nuwun sagunging para rawuh sadaya ingkang kinurmatan. Panjenenganipun Bapak..(besan) ingkang dahat kula bekteni.
h1XZVlg.
Contoh Teks Atur Pasrah Temanten Kakung atau Pasrah Tampi Penganten Kakung Bahasa Jawa Adat pernikahan khususnya adat pernikahan Jawa, pada umumnya akan diadakan acara Pasrah Pengantin. Tentunya bila ada pasrah, Tuan rumah atau pamangku gati harus juga menyediakan wakil untuk menerima seserahan tersebut. Fungsi duta panampi pasrah adalah sebagai juru bicara untuk menerima apa yang disampaikan pemasrah. Ketika juru bicara dari pihak calon besan menyampaikan hajatnya, seorang duta panampi harus memperhatikan dan mengingat betul-betul apa yang diucapkannya. Dalam menerima pasrah hendaknya mengikuti apa yang disampaikan pemasrah. Namun secara garis besar, struktur teks panampi adalah sebagai berikut 1. Mengucapkan salam 2. Menyambut kedatangan 3. Menerima salam 4. Poin inti diantaranya menerima calon pengantin, dan menerima seserahan pelengkapnya 5. Mempersilahkan duduk dan meminta tambahan doa 6. Memohon maaf Dalam menerima pasrah, duta panampi tidak diperkenankan berpanjang lebar bicara selain topik yang diserahkan juru bicara pasrah. Duta panampi harus bisa berusaha agar acara tersebut tidak bertele-tele dan melelahkan. hendaknya ringkas dan padat, atau dalam istilah jawa cekak aos. CONTOH PERTAMA Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh. Kawula nuwun, Bapa/Rakamas/Adhimas* … nama paraga panampi ingkang hangemban wajib luhur wonten ing madyaning pahargyan punika minangka sulih sarira saking Bapa … ingkang hamengku karsa sakalihan garwa, ingkang satuhu bagya mulya. Sowan kula ing ngarsa panjenengan minangka duta-sarayanipun Bapa … nama tiyang sepuhipun panganten kakung ingkang pidalem ing … dedunung tiyang sepuhipun panganten kakung. Saderengipun kula ngaturaken menggah wigatosing pisowan kula, keparenga langkung rumiyin kula ngonjukaken suka-syukur tuwin sembah puji ing ngarsa Dalem Gusti Ingkang Maha Suci, inggih awit rumentahing barokah tuwin kawilujengan, satemah lampah kula hangirid panekaring putra panganten kakung manggih rahayu-wilujeng kalis saking pringgabayaning margi. Minangka purwakaning atur, kula kinen ngaturaken salam taklimipun Bapa … nama tiyang sepuhipun panganten kakung sakalihan, mugi kaaturna Bapa … nama ingkang hamengku karsa/tiyang sepuhipun panganten putri sakalihan garwa. Sumusul atur ingkang angka kalih, sowan kula saprelu nglarapaken saha ngaturaken sekar cepaka mulya sasele inggih pinanganten kakung Anakmas … nama panganten kakung, putra kakungipun Bapa … nama tiyang sepuhipun panganten kakung. Ingkang punika, putra panganten kakung kula aturaken panjenengan. Kajawi saking punika, minangka tangsuling katresnan, kula kinanthen sasana redana/amplop* tuwin ubarampe sawatawis, mugi-mugi katampia kanthi suka renaning panggalih, sarta sageda nambahi raketing pasadherekan anggenipun sami mangun bebesanan. Salajengipun menggah badhe kaleksananing sedya, kula sapanggrubyuging pinanganten kakung, tansah jumurung ing karsa sinartan puji-donga, mugi-mugi Gusti Ingkang Maha Agung ngijabahi sedya-tama punika. Amiin. Minangka panutuping atur, kula titah sawantah, tartamtu kathah kalepatan tuwin kekiranganipun. Awit saking punika, kiranging subasita miwah tumpah-suhing basa, kula nyuwun agunging pangaksama. Wabillaahi taufiq wal hidayah. Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh. CONTOH KEDUA Asssalamu’alaikum Wr. Wb, Kawula nuwun. Para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan. Panjenenganipun Bp. ... besan, ingkang satuhu kula bekteni. Kula ingkang minangka talanging basa cundhakaning atur panjenenganipun Bp/Ibu ... ingkang mengku gati. Ingkang sepisan, Bp. KUSNAN kekalih ngaturaken salam taklimipun konjuk dhumateng Bp. DARJAN kekalih, kanthi pepuji mugi-mugi pangeran suka rahayu ingkang sami pinanggih. Kaping kalihipun kula ugi tinanggenah hamasrahaken sri penganten kakung ingkang sesilih Bg. ... ingkang badhe kadhaupaken Rr. ... putra-putrinipun Bp. ... ingkang mengku gati kekalih ugi ngaturaken talining katresnan ingkang arupi sandhangan penganten sapendherek. saged kaaturaken peranganipun, contonipun, sangsangan rinonce, kundala krincing, kalpika, ugi rasukan kangge pinanganten putri ingkang sedaya kalawau arupi beburoning wana. Menggah sedaya kalawau kaaturaken kanthi suka renaning penggalih, nadyan ta mboten wonten ajinipun. Pramila sampun kaukur kanthi bobot lan bebeting barang. Mugi kersa anampi minangka tali asih katresnan kangge ngraketaken anggenipun bebesanan lan silaturahmi. Bp/Ibu ... besan ndherek nyenyuwun dhateng Gusti Allah SWT, mugi paringa berkah pangestu wilujeng dhumateng ijabing penganten, sageda kasembadan kanthi wilujeng nir ing sangsaya mboten wonten alangan setunggal punapa sumrambah ing samudayanipun. Kula ingkang minangka caraka ingkang ngaturaken pasrahan temanten, mbok bilih wonten cecer cewet tuwin kuciwaning atur lan mbok bilih wonten kiranging subasita, tandang tanduk tuwin tata krami, kula dalah para caraka ingkang nglumantaraken srah-srahan sedaya nyuwun samodraning pangaksama. Wassalamu’alaikum Wr. Wb CONTOH KE3 Assalamu alaikum bismillah hirohman nirrohim, Alhamdulillah hirobbil alamin wassolatu wassalamu ala sayidina muhammadin, waala alihi wa askhabihi aj’main ama bakdu. amiin Dumateng poro alim soho poro ulama ingkang kawulo hormati, dumateng poro sesepuh,pinisepuh ugi adi sepuh ingkang kawulo hormati, dumateng pengiring temanten kakung miwah putri ingkan kawulo hormati, dumateng sagotrah tamu undangan ingkang berbahagia. Ingkang ongko sepindah monggo kito tansah muji syukur Alhamdulillah dumateng ngarsanipun Alloh SWT, amargi taksih maringi Rohmat soho nikmat arupi sehat dumateng kulo lan panjenengan sami, sahingga kulo lan panjenengan sami saget pepanggihan wonten ing majlis puniko. Mugi-mugi pepanggihan kulo lan panjenengan sami saget mbeto manfaat, fidinnii fidun ya wal akhiroh kususipun dumateng temanten kekalih sumrambahipun dumateng kulo soho panjenengan sami. Ingkang kaping kalihipun monggo kito tansah ngaturaken solawat soho salam, allohuma soli ala sayidina Muhammad dumateng junjungan kito Nabi agung Muhammad SAW, nabi pungkasan ingkang kito antu – antu syafaatipun benjang ing yaumul akhir. Amiin Bapak soho Ibu ingkang tuhu kinormatan ! Saklajengipun wonten ing mriki kawulo minongko wakil tuan rumah, ngaturaken agunge panuwun dumateng sagotrah tamu undangan. amargi panjenengan sami kerso angrawuhi undangan walimatul arsy saking tuan rumah. Salajengipun kawulo atas nami tuan rumah nggeh ngaturaken sekatahing pangapunten mbok bilih anggenipun nyepaki gupuh lungguh ugi suguh mboten nyocoki dumateng manah panjenengan sami. Gupuh ateges didalam penerimaan panjenengan sami mboten sopan, lungguh ateges tempatipun ingkang semrawut kados mekaten, suguh ateges unjukan soho dedaharan ingkang sederhana. Sepindah malih kulo atas nami sohibul kajah ngaturaken pangapunten. Poro rawuh ingkang minulyo selajengipun wonten ing mriki kawulo minongko wakil saking wali temanten kakung inggih puniko Bapak……. nampi kanti leganing penggalih pasrah temanten saking Bapak ……., pinongko walinipun temanten putri. Nggeh selama temanten kekalih dereng gadah griyo piyambak umpami wonten griyo mriki nggeh tanggungane keluargo mriki umpami wonten mriko nggeh tanggungane keluargo mriko. Bapak ibu ingkang tuhu kinormatan Saklajengipun kawulo ugi atas nami sohibul kajah nggeh namung saget ndongaakan dumateng rombongan konco temanten bilih mangke acara sampun paripurno saget kondor tumuju dalemipun piyambak – piyambak mboten wonten alangan setunggal punopo. amiin. Sajake wekdal nggeh sampun dalu cukup meniko ingkang kawulo aturaken, katah ature mesti katah lupute saking kawulo pribadi ngaturan seh samudro pangaksami. kawulo akhiri, Wabillahi taufiq walhidayah wassalamu alaikum wr wb.***
pasrah temanten putri bahasa jawa